WUTAH GETIHKU
Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare baskoro
Padang sumilak hanelahi jagad nuswantoro
Bumi pusaka wus kawentar
ombak-ombak samudra ,kencana kang ngrenggani
wutah getihku dak tresnani
Kawulamu........
guyub rukun anambut kardi
jroning swasana tentrem lan merdeka
Gilinging tekad manunggal
Cumitak jroning ati
Bebarengan ambangun.
Aku lilo....
korban jiwa raga kanggo bumiku
kancaku
BalasHapuskowe yaiku wong kang apik banget
mesthi ngancani aku tiap wektu
ngrungokake kabeh cerita isi atiku
yaiku kanca sing iso ngerti aku
kancaku
BalasHapuskowe yaiku wong kang apik banget
mesthi ngancani aku tiap wektu
ngrungokake kabeh cerita isi atiku
yaiku kanca sing iso ngerti aku