RAMAYANA
prabu ramawijaya lan garwanw yaiku dewi sinta nilar praja dedunung ana ing alas.nalika prabu ramawijaya kepekso nilar ake garwane amarga mburu kidang kencono,dewi sinta di kancani raden laksmana,rayine prabu rama.dewi sinta ndawuhi raden leksmana supaya nyusul prabu rama amarga dewi sinta kaya krungu pisambate prabu rama.dewi sinta kari ijen.
prabu rahwana ratu buta ing alengka ndusta dewi sinta arep didadekke garwane.senajan tindakke prabu rahwana kang ala iku wes di elingake dening sedulur-sedulure,nanging prbu rahwana nekad.dewi sinta tetep setya marang prabu rama,ora gelem di garwo dening prabu rahwana.
prabu ramawijaya kabiantu dening bala kethek nggoleki dewi sinta.prang gedhe antarane prabu rama kang dibantu dening wadyo wanoro tanding lan bala buta.wadyo bala alengka saratune tumpes kabeh.dewi sinta ketemu prabu rama wijaya.